Sopo sing pingin " Njajal " dadi Bupati Bojonegoro, Bisa kok.....

Kang Yoto Bupati Bojonegoro ngadakno program sing dijenengi "Kang Yoto Leadership Challenge 2016" yoiku sampean-sampen iso dadi bupati bojonegoro suwene sedino, lha sasarane kanggo bocah-bocah jonegoro kelas X sampai XII ( kelas 1-3 SLTA sederajat ) pokok'e angger isih sekolah SLTA sederajat iso melu, ga' perduli anake sopo wae, arep anak'e tukang becak sampek anake jendral phetak kabeh oleh melu sing penting nduwe nyali, kendel lan seneng tantangan

Jarene acara ngeniki tujuane yoiku  mbangun karakter kepemimpinan kanggo bocah- bocah enom nang Kabupaten Bojonegoro nganggo coro langsung praktek, ga' tanggung- tanggung yo bro...latihane ga' cuman dadi lurah opo camat, tapi langsung BUPATI. 
Pirang ndino kepungkur kae wis tau ono sing dijajal dadi Bupati sedelok, yoiku Mas Yanto Sablon. Mas Yanto Sablon ujug- ujug di kongkon Kang Yoto mimpin rapat, dadi wakile Bupati, beritane iso sampean woco nang kene : https://www.bojonegoro.xyz/wah-seorang-tukang-sablon-menggantikan-bupati-bojonegoro/. iso dibayangno yo pie rasane mimpin rapat nang kantor kabupaten sing pesertane wong penting- penting thok.
Wis ndang podo melu, tak tunggu upload foto selfiene sampean pas mimpin rapat opo pas njungok nang kursine Bupati.

Related Posts:

0 Response to "Sopo sing pingin " Njajal " dadi Bupati Bojonegoro, Bisa kok....."

Post a Comment