Ki Joko Goro- goro arep rawuh nang Desa Pagerwesi Kecamatan Trucuk

Monggo sing seneng ngrungokno pengajian, seneng ndelok wayang, utowo seneng campursarian utowo sampean seneng telu-telune, yo pengajian yo wayangan yo campursarian, hehehehe..
wis cocok pokok'e sampean kudu nekani pengajian sing di tekani Ki Joko Goro- goro , Ki joko goro- goro iku kiyai sing biasane pengajiane kolaborasi antarane pengajian wayang lan campur sarian. Kiyai iki wis terkenal nang jagat ndi- ndi ( nek ga' ngandel tulis nang google opop youtube ). Ki Jogo Goro-goro kui kiyai soko tlatah Demak Bintoro, Jawa Tengah sing nduwe jeneng asli KH. Abdul Rochim, S.Pd.I.
Ki Joko Goro- goro iki arep ditekakno karo guminte Deso Pagerwesi Kecamatan Trucuk Kabupaten Bojonegoro sing kerjo bareng karo Jama'ah Masjid deso setempat , acarane yo iku mauludan. sing jenege mauludan yo mesti wae memperingati lahire Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Lha acara iki arep di anakno sesuk :

Dino          : Kamis malem Jum'at
Tanggal      : 01 Desember 2016
Jam           : 19.30 ( Ba'dal Isya" )
Manggon   : Nang Lapangan Desa Pagerwesi Kecamatan Trucuk Kabupaten Bojonegoro.

Ngono wae Informasine, ojo lali dibunderi tanggalane mben ga' lali

Related Posts:

3 Responses to "Ki Joko Goro- goro arep rawuh nang Desa Pagerwesi Kecamatan Trucuk"

  1. Maaf mas ada yg punya kontak personal untuk mendatangkan Ki Joko Goro Goro?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Mas Achmad Abidin tinggal dimana ? Kalo di Bojonegoro bisa langsung meluncur ke sekretariat Masjid Agung Darussalam Bojonegoro, disitu ada Contact Ratusan Kiyai & Mubaligh se Indonesia

      Delete
  2. Maaf mas ada yg punya kontak personal untuk mendatangkan Ki Joko Goro Goro tidak ,saya lokasi purwodadi.!!??

    ReplyDelete